Wednesday, February 9, 2022

Kidung Dewi Lanjar | Legenda Ratu Pantai Utara

 Dinyanyikan oleh Sindy Purbawati

Tumetes eluh ning pipi
Nandang brono pering ing ati
Ditinggal garwo tilar dunyo
Abot rasaning nolo

Nadyan ayu sinawang netro
Dewi Lanjar outri kang setyo
tuhu... Mring janji tulus dungo
Ngantos pejahing nyowo

Segoro Lor kang nyesekni
Asmoro tumekaning pati
Kuwoso kang Moho Suci
Kukuh ati teguhing janji

Segoro Lor tanah Jawi
Dewi Lanjar peparing bukti
Tresno niku tondo ati
Sigar nyowo tekaning pati

 


Lirik Kidung Dewi Lanjar | Legenda Ratu Pantai Utara

Thursday, February 3, 2022

Kepangku Kapang

Karya : Adif Marhaendra

Sinten sinambhat ing wewangi iki amung siro yekti
Eseme kang manis madu duh wong ayu

Tresno lir tirto gumanti dahono awit siro marang roso
Endah rumembyak rekmamu dadyo angenku saben dalu
..... 2x
Wengi kadyo setro kegowo lungane baskoro
Peteng tanpo condro tanpo kartiko

Lumayu ing awang-awang anggayuh lintang
Nyanding kekaronsih mung dadi lelamunan

Lewat kidung iki mugo biso ngerteni
Sak jroning ati iki yayi ngugemi janji
.....
Nadyan datan andarbeni bakal tak ruki suci sejati
Duh maruto kandakno saktemene aku isih tresno

Lumayu ing awang-awang anggayuh lintang
Nyanding kekaronsih mung dadi lelamunan

Lewat kidung iki mugo biso ngerteni
Enget jalaran neng sih yayi tumeking pati