Thursday, February 3, 2022

Kepangku Kapang

Karya : Adif Marhaendra

Sinten sinambhat ing wewangi iki amung siro yekti
Eseme kang manis madu duh wong ayu

Tresno lir tirto gumanti dahono awit siro marang roso
Endah rumembyak rekmamu dadyo angenku saben dalu
..... 2x
Wengi kadyo setro kegowo lungane baskoro
Peteng tanpo condro tanpo kartiko

Lumayu ing awang-awang anggayuh lintang
Nyanding kekaronsih mung dadi lelamunan

Lewat kidung iki mugo biso ngerteni
Sak jroning ati iki yayi ngugemi janji
.....
Nadyan datan andarbeni bakal tak ruki suci sejati
Duh maruto kandakno saktemene aku isih tresno

Lumayu ing awang-awang anggayuh lintang
Nyanding kekaronsih mung dadi lelamunan

Lewat kidung iki mugo biso ngerteni
Enget jalaran neng sih yayi tumeking pati


No comments:

Post a Comment